Posted On: November 4th 2026, 06:07 am
Dadi iki maeng dina Rebo 4 November 2026 arah-arah jam 11.00 WWML (wayahe wong meh laut) enek video lur sing viral, dadi infone enek wong sing arep nyolong, durung enek info sing arep dicolong apa. Nah lokasine ning Teras BRI Pasar Legi. Kronologine miturut caption lan komenne wong-wong, enek wong mencurigakan dibedhek arep nyolong nah ning petugas keamanan kasil digagalake. Sak wise kuwi pelaku mlayu ning jero pasar. Ndilalah ora enek sing weruh yen wong kuwi bar arep nyolong dadi padha meneng wae. Ora let suwi pelaku sing mlebu pasar mau dipapak enek mobil minggir lan langsung kabur.
Jale sing weruh jangkepe komenna lur...
🎥 : sc vfb suryadi suryadi